Asok Tukon

20140313-114618.jpg
Telah dimuat di Jagad Jawa Solopos, Kamis 13 Maret 2014

Kanti milih meneng, timbang mangsuli Kewetu atos. Kawit mbiyen dheweke wis kandha, ora seneng nganggo mas-masan. Gelang kalung sing dadi asok tukon saka Panji ditampa kanthi bungah, Nanging disimpen wae, dinggo celengan. Ora arep dinggo mrana-mrene.

Nanging Simbah Putri, ya simbahe Panji, ora rampung-rampung anggone ngendikan. Adicara mangan bareng ing meja bunder kuwi dadi sarwa ora kepenak. Arep ngulu ya dadi seret.

“Dinggo. Pokoke dinggo. Nek sesuk melu mangkat mbesan ing Pagergunung, kudu dinggo,” Simbah mbaleni meneh, ”Nji, bojomu kuwi dikandhani.”

Simbah nuli nyangking piringe menyang pawon. Kanti leren anggone mangan. Panji mung nglirik Kanti sing nembe seminggu dadi bojone kuwi.

”Aku wegah, Mas. Apa maneh modhele kaya gelang kalung bakul daging ing pasar ngono.”

Panji ora mangsuli. Sendhoke diselehake. Ndilalah wis rampung anggone mangan. Banjur menyat. Embuh menyang ngendi. Kanti mecucu. Piringe ditumpuk karo piringe bojone, banjur digawa menyang mburi.

***

Bocah kuwi jenenge Munasih. Ireng pakulitane, nanging untune putih resik tur temata. Alise kandel. Kawit ketemu sepisanan nalika melu rombongan besane Panji, mesem terus. Ketoke uripe ora tau susah. Ana sing katon mencorong saliyane untune. Kalung ing gulune, gelang ing tangan kiwane. Munasih dadi manten telung dina kapungkur. Gelang kalung kuwi mesthine asok tukon saka bojone.

“Mbak Kanti melu mbesan menyang Pagergunung?” pitakone Munasih.

Kanti mung mesem banjur manthuk. Rada bingung. Rasane Kanti durung tau sesrawungan utawa ngobrol karo Munasih. Nanging, Munasih sajak semanak, grapyak, nyenengake. Anggone guneman ya nganggo basa ngoko, ora ndadak alus-alusan. Yen ora nganggep kanca cedhak ora bakalan bisa kaya ngono. Iki nggawe atine Kanti rada kalipur. Rasa sepi lan dhewekan dadi mantu anyarane Pak Sukir rada suda.

Wis seminggu ing omah iki, nanging durung kenal sapa-sapa. Sakjane kabeh wong aruh-aruh. Nanging, saking akehe, Kanti malah bingung, ora ana sing nyanthel ing sirahe. Nembe iki bisa langsung kecathet.

”Mangkat bareng ya, Mbak? Karo Yu Tukini, karo Mamak. Jare Mbok Dhe wis pesen carteran?”

”Iya, ketoke.”

Munasih terus ngecipris, nyritakake jeneng-jeneng sedulure. Lik kae, pak kuwi, yu kae, mbok dhe kuwi. Mbokmenawa nganggep Kanti wis kenal kabeh. Mbokmenawa pancen kabeh wis tetepungan karo Kanti, lan Kanti sing durung kelingan. Saking akehe kuwi mau.

“Lucu ya, Mbak? Mosok seminggu kok ana telu sing duwe gawe. Kapan kae ngeterke Mas Panji mbesan ning nggone njenengan. Aku karo Mas Edi telung ndina kapungkur. Awake dhewe nembe bar dadi manten, ning sesuk wis dijak mbesan ing liya desa,” tembunge sumringah.

”Iya. Jane aku rada bingung kudu kepriye. Mengko aku cedhak-cedhak Njenengan wae ya, Mbak. Aku dikandhani nek klera-kleru obah.”

Munasih ngguyu kemekel, ”Hla kok malah cedhak aku. Kudune njenengan cedhak-cedhak Yu Tukini, ibuke Mas Panji, maratuwa njenengan. Utawa Mbok Dhe Sami, simbahe Mas Panji. Mamakku ki mung nakdulure Mbok Dhe. Ndilalah wae omahku mung kulon kono,” Munasih nuding omah kulon pager.

Oh, dadi Munasih iki putrane nakdulure Simbah. Omahe kulon kuwi. Pancen bener kandhane Munasih. Nanging embuh yagene Kanti durung bisa rumangsa cedhak karo Mamak lan Simbah. Isih kebak rikuh lan wedi kleru.

“Ya, sesuk bareng Mamak lan Simbah uga. Dadi ya cedhak kabeh, ta?” Kanti wangsulan.

“Oh iya ya… hahaha…,” Munasih ngguyu maneh.

Wong wadon loro kuwi mbacutake ngonceki kacang brudhul panenane Simbah saka kebon mburi omah. Munasih ngecipris. Kanti ngrungokake karo pisan-pisan mangsuli utawa takon sakprelune.

***

Kanti pancen dudu anake wong sugih. Bapake guru SD. Ibune ing omah wae. Kala-kala nampa jahitan. Ibune ora nate gelem nampa jahitan rada akeh, kuwatir yang gaweyan ngomah kelepyan.

Kakange Kanti ana loro. Adhine wadon uga loro. Kanthi gaji guru SD lan bayaran njahit sing ora sepiroa, uripe Kanti lan sedulur-sedulure adoh saka ngebreh. Mangkat mulih sekolah mlaku. Kamangka rada adoh. Kala-kala disangoni yen ibune duwe dhuwit. Yen ora ya sangu panganan lan omben sakanane saka omah.

Kok nggagas ngango mas-masan, sandhangan wae arang-arang ditukokake. Kudune Kanti seneng nampa asok tukon awujud mas-masan, banjur dinggo dhimen tambah ayu. Nanging, nyatane wis dijajal nganggo malah Kanti rumangsa wagu. Apa maneh asok tukon saka Panji kuwi pangajine gedhe banget tumrap dheweke. Kalunge kira-kira 20 gram. Gelange rante antarane 10 gram. Mula dadi kaya bakul daging, jare Kanti. Durung giwang karo ali-aline.

Bapak ibune Panji nadyan urip ing ndesa adoh kutha, nanging kepetung sugih. Sawahe akeh lan amba. Ing desa kono, Pak Sukir lan Bu Tukini dianggep priyayi. Sakngendikane bakal disendikani tangga-tanggane. Mamak iku anak ontang-anting, ora ana tunggale. Mula dening Simbah ora pareng manggon omah liya, wis manggon kono wae. Ora wurung bakale omah kuwi dadi duweke. Jarene timbang ngguwang dhuwit menawa ndadak tuku omah maneh.

Kanti ngerti sing jenenge simbah umume cerewet lan kakehan aturan. Nanging Simbah Putri iki miturut dheweke pancen kakehan aturan temen-temen. Wong sakomah ora ana sing wani mbantah Simbah.

Bapak, Mamak, Panji, Bagus adhine Panji, nganti tekan Mbah Kakung, manut kabeh. Yen ora mathuk yo ora wangsulan, paling ora milih meneng wae. Mau bengi Panji wis ngandhani Kanti bab kuwi. Ngerih-rih supaya Kanti gelem nganggo mas-masane.

“Apa kudu ta, Mas? Aku krasa ora penak nganggo mas-masan gedhi-gedhi.”

“Ora ana sing ngudokke. Nanging yen Simbah dhawuh nganggo ya apike mbok nggo.”

“Emoh. Aku isin. Mengko mundhak dikira pamer.”

Panji meneng, Kanti yo ora nerusake guneme. Manten anyar sakloron pilih guneman nganggo cara liyane.

***

Wis jam 09.00 WIB punjul sethithik. Srengenge wis rada dhuwur, wis lumayan sumelet ing awak. Kanti ngeyup ing ngisor wit pelem. Montor carteran sing dipesen Simbah wis teka. Wong-wong sing dijak mangkat bareng uga wis padha nglumpuk.Rada ribut anggone nata lungguh. Montore mung siji, wonge akeh banget. Sajake Simbah ngejak sapa-sapa mangkat bareng. Sanadyan wis ditetel-tetel tetep ora sedheng.

Sidane Bapak ngetokke Vespa, Panji ngetokake pit montor bebek abang kagungane Mbah Kakung. Bapak boncengan karo Mamak. Kanti mbonceng Panji. Simbah lan brayat liyane dhesel-dheselan numpak montor carteran. Kabeh iring-iringan karo montor carterane Mbah Sumi, ibune Agus, manten lanang sing arep diterake mbesan.

Jebul desa sing diparani rada adoh. Kira-kira rong puluh menit mlaku alon-alon nganggo pit montor.

“Mas, jane ngapa ta, kok Simbah meksa aku nganggo gelang kalung?” Kanti takon marang Panji karo rada mbengok.

“Ya ben wangun. Wong wis ditukokake ora dinggo, eman-eman…”

“Nanging aku ki wedi yen kalunge ceblok njur ilang. Aku nate ngilangke anting-anting jaman cilik mbiyen. Embuh kecanthol apa, ora ngerti tiba ning ngendi. Ibu sedhih banget ketoke.”

“Ya ngati-ati, aja nganti kecanthol..”

“Emoh ah. Mengko yen ilang malah saya didukani Simbah.”

Panji ora mangsuli meneh, amarga anggone mlaku wis tekan panggonan sing dituju. Panji markir pit montore ning papan sing eyup. Montor carterane Simbah rada adoh. Kanti ngenteni Mamak lan Simbah.
Munasih katon mudhun saka montor, mlaku iring-iringan karo Simbah. Gelang kalunge dinggo, katon mencorong ing awake sing peteng. Raine katon putih kekandelen wedhak, lambene diwenehi gincu abang mbranang.

Kanti nggandheng tangane Mamak. Simbah ing mburine, muni rada klesik-klesik,”Kanti ki ya blas ra gelem dandan. Mbok nganggo abang-abang sithik ngono hlo, Ndhuk…”
Kanti mung ndhingkluk.

***

Wengi kuwi rada sumuk. Bapak, Mamak, Simbah Putri, Mbah Kakung, Panji, lan Kanti lungguhan ing pendhapa. Lawang sing biyasane jam semene wis ditutup, dijarke menga.
Bapak udud, ngliga. Panji maca koran wingi. Kanti ing sandhinge ethok-ethok melu maca.

“Pira asok tukone Agus menyang Pagergunung mau?” Bapak takon, embuh marang sapa.

“Limangatus ewu, karo mas-masan sakpenganggon,” Mamak sing mangsuli.

“Sithik. Mung rong puluh
gram wis komplit,” Simbah Putri nambahi.

“Wahaha… isa rabi ping telu no, Nji, kowe. Nek seket gram apa ya ra ana tukonmu nggo Kanti?” Bapak sajak mongkog banget.

Panji mung mesem. Kanti unjal ambegan, nglirik bojone.

“Haning, Kanti ora gelem nganggo tukone ngono kok. Aku dadi bingung yen arep crita karo tangga teparo, ndhak dikira ngapusi.”

Dumadakan Kanti ngrasa ampeg. Dhadhane kaya dientebi gunung kidul omah kae. (Semarang 2014)

*Gambar koran diambil oleh Putrimeneng*

16 thoughts on “Asok Tukon

  1. wih, keren mbakyuuu… jan kulawargane Panji ki eram tenan, asok tukon ki jebule mung dienggo ‘penanda status’ yo. njuk opo bedane uwong karo klambi sing dipajang ning toko, tharik2 ditempleki label rega kae😀
    ajar nulis ngono aahhh, priwe carane ngirim ke media?ajari yo mbakyu, suwun

    • Kebiasaanne desa kono mbak. Kabeh wong kudu ngerti tukone pira, soale pas rombongan besan kulanuwun ki disebutke isine srah-srahan komplit😀

  2. Carane ngirim cerkak ning Solopos pye, Mbak? Aku kok ya sajake pengin sinau nggawe cerkas basa Jawa. Hehe.🙂

  3. Sinau akeh tekan tulisane mbak La sing iki. Sinau tulis jowo sing bener iku yo opo.
    Nulis boso jowo, moco tulisan boso jowo, karo ngomong boso jowo, nyatane yo bedo rasane, mbak. aku kudu sinau akeh iki🙂

jangan sungkan kalau mau komen :)

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s