Banyu

Cerita cekak iki dipasang ing Jagad Jawa, Solopos, 29 Oktober 2015

==============================================


Dina iki aku bali rada gasik timbang biyasane. Jam lima wis tekan ngomah. Bu Citro, tangga ngarep omah nganti nyemantakke, “Kadingaren sampun kondur, Jeng?”

Sajake Bu Citro uga lagi bali saka lelungan, nembe nutup pager. “Kula bibar saking dalemipun Pak Juri. Nyuwun tulung badhe ndhudhuk sumur. Sampun asat saestu. Kala wau kula tumbas toya galonan kangge asah-asah. Sedinten dereng adus.” Bu Citro ngguyu sedhih.

“Katuran mundhut toya saking keran kula lho, Eyang. “

“Ah, sampun. Mangke sumur panjenengan malah kasatan kados gadhahan kula…”

Aku ora kepenak arep neruske rembugan. Aku pamit mlebu.

***

Kira-kira sesasi kepungkur, ketiga wis wiwit garing tenanan. Sakwijining dina Minggu, aku lagi nggoleke ragilku, arep tak pakpungi. Bu Citro mara, “Jeng Nunik, tanduran panjenengan sampun kula sirami…”

Aku kaget. Lha ngapa kok nganti Bu Citro nyirami tanduranku. Sedina iki aku pancen ubyek, durung kober siram-siram.

“Dhuh, maturnuwun Eyang. Mboten usah repot. Mangke radi dalu kula sirami piyambak. Menawi dereng kober nggih mbenjang…”

“Eman-eman menawi mboten saben dinten disirami, Jeng. Alum. Garing…”

“Kalih dinten sepindhah tasih cekap, Eyang. Dhuh kula mboten sekeca, ngantos ngrepoti panjenengan..”

“Mboten dados punapa. Wong kula nyuwun toya saking keran panjenangan, punika sekaliyan, kaliyan  nyirami tanduran kula.”

Aku mung bisa ndomblong. Jebul wis seminggu iki rewangku bebas tugas nyirami kembang. Bu Citro sing siram-siram, sisan nyirami kagungane.

***

“Nyuwun ngapunten, Bu. Kula mboten ngertos yen Eyang Citro ajeng mundhut toya kangge siram-siram saben sonten. Pas nika nembung kalih kula, njaluk banyu nggo siram-siram. Kula kinten nggih namung sepindhah. Kula nggih mboten wantun matur mboten…”

Ora maido. Bu Citro kuwi piyayi sing isih keturunan ningrat, lan njaga banget kahanan kuwi. Isih rumangsa kabeh wong kudu ngajeni. Rewang iku abdi lan kudu sendika dhawuh. Sanadyan kuwi rewange tanggane…

Garwane Bu Citro wis suwe banget seda. Putrane loro isan manggon adoh, mung kala-kala tilik. Dadi Bu Citro urip dhewekan. Kegiatane saben dina yang mung ngurusi kumbahan, isah-isah, masak – kanggo awake dhewe. Sakliyane kuwi ya ngurusi tanduran sing ngebaki pekarangan. Wiwit suket gajah mini nganti wit dhondhong. Kembang kertas nganti wit kates. Banyu sumure luwih akeh diombe tandurane ketimbang dinggo kebutuhane Bu Citro dhewe. Sumure manggon ing sisih kiwa daleme. Embuh pirang meter jerone mbiyen anggone ndhudhuk. Saben ketiga kasatan. Paling ora suda nemen nganti kurang.

Sumurku ing sisih tengen omah, adhep-adhepan karo sumure Bu Citro. Nate uga kasatan pisan, pirang taun kepungkur. Ora nganti butuh njerokake, mung pompane rada diudhunake. Tahun iki kok ndilalah ya isih cukup, durung nate pompane ngangkat angin.

“Aku ki rapapa dijaluki banyu, Mas. Ning nek dinggo siram-siram tanduran sakmana mbane saben sore ki piye ya…”

Bojoku ora nyauri, mung ngrungokake grenenganku sambi nerusake maca buku.

“Bu Citra ki apa ora menggalih? Wong sumure wae nganti kentekan banyu. Kok njaluk nggone tanggane nggo nyirami kembang. Kamangka batihe awake dhewe ki luwih akeh. Apa ora mikir, mengko sumurku genti sing garing?”

“Lha sumurmu garing apa ora saiki?”

“Ya durung sih…”

“Ha yo uwis, ben wae. Mengko wae nek kira-kira bakal kasatan, matur. Nek wis nganti ngono tetep ora menggalih ya kebangeten.”

“Saiki ki wis kebangeten Mas..”

“Ya…. durung kebangeten banget…”

Mbuh lah. Wong lanang ki kok isa tenang banget. Jarene, angger aku ikhlas banyuku digunakake Bu Citro, muga-muga sumurku ora asat ning malah tambah agung.

***

Seminggu kepungkur, rewangku pamit tilik wong tuwane. Aku ngepenke dadi Ibu tenanan, sakwise saben dina luwih akeh ngentekake wektu neng panggonan glidhig. Gawean omah dak garap saktekane. Biyasane Iin umbah-umbah esuk. Ning dina iki aku umbah-umbah rada sore.

Ndilalah, keran mburi omah sing biasa dinggo umbah-umbah kok rusak. Dak puter ngiwa nengen blas ora gelem mili. Aku rada maktratap, gek gek sumurku asat. Jebul keran neng njero kolah isih mili. Timbang ngusungi banyu saka kolah metu, banyu saka keran njero takilekake metu nganggo selang.

Karo ngenteni mesin umbah-umbah mbilasi, aku leren thethenguk ing ngarep tivi. Anakku sing mbarep lagi dolanan karo kancane neng pretelon cedhak omah. Keprungu suarane Bu Citro nimbali anakku.

“Mas Bagas! Tulung Eyang dipundhutake selang neng teras!”

“Selang napa Eyang?” pitakone anakku.

“Selang biru neng ngisor tandhon kuwi lho, Eyang arep nyirami kembang…”

Keprungu suarane anakku usreg nggoleki selang sing dikarepake Bu Citro, “Mboten wonten, Eyang!”

Sajake Bu Citro nggumun kok selange ora ana, kamangka saben dina ya mung digulung banjur diglethakke neng ngisor cagak tandhon. Dheweke mlaku nyedhak, mlebu lawangan pager.

Aku ngadeg, metu. Bu Citro katon rada kaget.

“Madosi punapa, Eyang?”

“Nganu Jeng. Selang. Badhe nyirami tanduran.”

“Oh… selangipun nembe kula ngge wonten wingking, kangge nggirahi. Keran wingking risak. Kula kedah nyelang saking kolah.”

Bu Citro kendel sedhela, banjur takon, “Risak kados pundi?”

“Kadosipun nyuwun gantos. Kula puter-puter mboten medal toyanipun. Mbenjang  kersanipun dipun gantos bapakipun lare-lare.”

“Oh. Nggih sampun…”

***

“Lho! Aku ora ndhelikke selang Mbak!”

Bu Kaspuri, sing umure sakbarakanku, luwih kerep dak undang Mbak. Jare Bu Citro crita yen aku ndhelikake selang, merga ora pengin banyuku diselang kanggo siram-siram.

“Lha jarene alesane kanggo nyelang keran kolah, nggo umbah-umbah.”

“Lha pancen iya!”

“Jare ditakoni kerane rusake apa ora cetha. Dadi miturut Bu Citro, njenengan mung gawe-gawe crita..”

“Lho aku ki ora ngerti rusake piye. Mbuh apane sing dhol, diputer ngiwa nengen tetep ora isa mbukak. Banyune ora mili. Sumpah aku ora ngapusi!”

“Halah ora usah sumpah-sumpah. Aku ya luwih ngandel njenengan timbang Bu Citro..”

“Ora perkara ngono Mbak. Nek sing ora mudheng lak dikira aku gawe ada-ada. Ora kepenak…”

“Halah, nek sakumpamane crita keran rusak kuwi karangan tenanan ya rapapa. Nek aku sing dadi panjenengan ya mungkin ngarang crita ngono kuwi. Sing kebangeten sing njaluk kok.”

***

Pak Juri lagi ndhudhuk sumure Bu Citro. Sumurku isih mili. Mbok menawa kaya pandongane bojoku, merga aku tetep meneng, ora menggak Bu Citro nyelang kanggo nyirami kembang. Dudu salahku yen Bu Citro ngira aku ndhelikake selang.

“Kuwi lak merga asline Bu Citra ya menggalih, kowe wedi kasatan…” jare bojoku.

“Ya apik nek pancen ngono. Anggere dipenggalih dhewe. Ning nganggo crita karo tangga teparo ki lho…”

Ning yen tak pikir-pikir bener kandhane bojoku. Sing penting aku ora ngono. Sesuk yen sumure Bu Citro tetep ora mili, aku tetep arep nawani kanggo siram lan masak. Anggere aja kanggo nyirami kembang saben sore.

Semarang, 21 Oktober 2015

Advertisements

6 thoughts on “Banyu

jangan sungkan kalau mau komen :)

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s