Calo

*Dimuat di Jagad Jawa SOLOPOS, Kamis, 26 Oktober 2017

Rudy nglebokake amplop saka Pak Rohmat ing jero tase.

“Mugi lancar nggih Pak. Supados keng putra enggal saged makarya kanthi ayem. Panjenengan ugi lega…”

“Ya Mas. Dadi wong tuwa pancen ora bisa cul-culan, nadyan bocah wis rampung anggone sekolah. Dhuwit sak mono kanggo aku akeh banget. Anggonku nglumpukake saka kana kene. Ning yen kanggo bocah, aku ora bakal etungan.”

“Kasinggihan Pak. Panjenengan tuladha tumrap kula, anggenipun ndhukung lare mboten ngangge wates.”

“Yakin isa ketampa ta Mas?”

“Tepangan kula punika tiyang penting wonten Pemda Pak. Sak mangertos kula pikantuk jatah nanging kula inggih mboten mangertos, pinten kursi. Lha punika kula cepet-cepetan ndhaptaraken Mbak Mia. Mugi-mugi tasih katut…”

“Yen ora katut?”

“Menawi dereng katut, kula konduraken sedaya beya ingkang sampun panjenengan paringaken kula.”

“Yen ketampa aku kudu nggenepi?”

Rudy mung manthuk sambi mesem. Pak Rohmat ngunjal ambegan.

***

Loro. Kalah cacak menang cacak.

***

Rudy nglebokake amplop saka Pak Agus ing jero tase.

“Mugi lancar nggih Pak. Supados keng putra enggal saged makarya kanthi ayem. Panjenengan ugi lega…”

“Amin… Kenalanmu kuwi wong kuwat tenan ta, Mas?”

“Tepangan kula punika tiyang penting wonten Pemda Pak. Sak mangertos kula pikantuk jatah nanging kula inggih mboten mangertos, pinten kursi. Lha punika kula cepet-cepetan ndhaptaraken Mas Teddy. Mugi-mugi tasih katut…”

“Nek njaluk panggon sing rada teles isa ora ya Mas?”

“Wah, menawi punika kula mboten saged matur Pak. Menawi sampun dumugi panggenan renes utawi garing, punika jatah pejabat ingkang langkung inggil. Kula dereng gadhah sesambungan ingkang mekatan…”

“Yo wis gampang. Sing penting ketampa sik. Prakara panggonan mengko bisa diurus karo mlaku.”

“Leres Pak… mangke kaliyan pados katerangan, supados Mas Teddy saged pikantuk panggenan ingkang sekeca.”

Pak Agus manthuk-manthuk. Nek mung dhuwit seket yuta ora dadi masalah, sing penting Teddy isa ketampa dadi pegawe pemerintah.

“Panyuwunipun, Mas Teddy saged ketampi,” Rudy mbacutake, “menawi luputipun dereng begja, kula konduraken sedaya beya ingkang sampun panjenengan paringaken kula.”

Rudy ngadeg, salaman banjur njaluk pamit.

***

Pitu. Kalah cacak menang cacak.

***

Tanggale wis cedhak. Wis wong pitu sing masrahake ‘beya’, nadyan lagi mung Pak Agus sing wis maringi full. Sakjane isih ana wong loro sing mangu-mangu merga pengin nanging isih kabotan. Rudy isa wae ngudhunake rega supaya padha gelem mbayar. Nanging kuwi bisa ngrusak pasaran. Jenenge dodolan kudu mikir rega. Nek rega kedhuwuren ora ana sing tuku. Ning nek kendheken, sing arep tuku bisa mangu-mangu, iki kena dipercaya apa ora. Pitu wae wis cukup. Sithik, nanging cetha.

Saiki kari ngenteni pengumuman, sesasi maneh. Dhuwit sing wis mlebu ora kena dikapak-kapakke, nganti yakin bocah-bocah manja kuwi ketampa dadi pegawe negri.

***

Tangane Rudy nganti njarem, saking kencenge anggone Pak Rohmat nyalami.

“Maturnuwun, maturnuwun sanget Mas Rudy. Wis yen ngene iki ayem kabeh. Aja kuatir, kurangane dak genepi sesuk sore. Panjenengan tindak rene maneh ya?”

“Sendika dhawuh, Pak. Kula ndherek bingah, Mbak Mia saestu ketampi dados pegawe Pemda. Mbenjang sonten kula sowan mriki malih…”

“Aku kepengin ngadhep priyayi sing wis kersa mbiyantu anakku kuwi, Mas. Pengin ngaturi luwih….”

“Wah, menawi miturut kula punika mboten perlu Pak. Piyambakipun ngersakaken tetep wonten wingking kemawon, mboten langsung kepanggih kalian ingkang nyuwun tulung. Kula kinten panjenengan pirsa kahananipun. Mboten kok mboten pitados panjenengan saged njagi wadi. Namung langkung sae mekaten, ingkang baken urusanipun lancar…”

Pak Rohmat mung bisa sarujuk. Piye maneh. Urusan kaya ngene pancen kudu ngati-ati. Yen nganti konangan resikone pakunjaran. Sapa sing gelem? Sesuk tambahaning rasa syukur ben kanggo Rudy wae.

***

Rudy ngerti, kudu ngati-ati ngadhepi Pak Agus. Juragan toko bangunan iki tansah rumangsa kuwasa marga kahanane. Kanthi mundhuk-mundhuk anggone ngulungake amplop kandel sing wingi ditampa saka Pak Agus.

“Kula nyuwun ngapunten saestu, Pak. Punika, kados janji kula, paringan panjenengan kula konduraken, wetah.”

Pak Agus meneng ora gelem nampa. Rudy nyelehake amplope ing ndhuwur meja. Meneng, ora wani ngomong apa-apa.

“Jane salahku ki apa to Mas?”

“Nyuwun sewu Pak. Mboten wonten lepatipun.”

“Lha kok anakku ora ketampa? Kamangka aku langsung mbayar lunas ing ngarep. Ora nganyang. Ora ngendhe-endhe. Jare kowe ki kondang isa mbantu. Mbelgedhes!”

“Nyuwun duka, Pak. Kula punika namung ngubungaken para sedherek ingkang mbetahaken pambiyantu, kalian priyayi Pemda ingkang kagungan jatah ngelebetaken pegawe. Pinten lan sinten ingkang ketampi, kula mboten saged ndherek cawe-cawe. Nyuwun pangapunten ingkang kathah…”

“Aku kalah apa? Kalah cepet apa piye?”

Rudy gedheg, “Kula mboten mangertos saestu Pak…”

“Sapa ta pejabat sing janji nulungi kuwi? Tak paranane!  Janji kok ora diugemi.”

“Nyuwun sewu Pak. Sakemut kula mboten wonten janji mesthi ketampi. Ingkang wonten namung janji ngusahakaken. Punika tasih dipun tambahi, menawi mboten ketampi arta panjenengan wangsul wetah mboten kelong. Kula mboten wantun ndherekaken panjenengan kepanggih Pak Pejabat. Piyambakipun ngersakaken tetep wonten wingking kemawon, mboten langsung kepanggih kalian ingkang nyuwun tulung. Kula kinten panjenengan pirsa kahananipun. Ingkang baken, mboten wonten ingkang dipun rugekaken…”

“Halah!”

“Rikala kula sowan wulan kepengker, panjenengan ugi sampun pirsa bab punika…”

Pak Agus ora takon apa-apa maneh. Kelingan pancen mengkono gilige rembug.

Rudy pengin enggal-enggal pamit, nanging wedi dikira nginggati Pak Agus. Mula dheweke pilih meneng, ngenteni mbok menawa isih ana sing arep diomongke Pak Agus.

Nganti sakwetara wong sakloron mbisu, ubeg karo pikirane dhewe-dhewe.

“Ya wis, muliha. Aku ora pengin ketemu awakmu maneh. Suk liya wektu aku golek wong sing bisa tak andhelake.”

Rudy manthuk.

“Sumangga Pak. Nyuwun gunging pangapunten anggen kula mbiyantu mboten rena ing penggalih…”

“Dudu salahmu. Pejabat goblog kuwi sing kleru.”

Rudy rada lega krungu ukara kuwi.

Sadurunge Pak Agus malih sikepe, Rudy enggal-enggal njaluk pamit, mungkur.

***

Bejo ngakak sak bantere. Rudy ngguyu nganti ora keprungu suwarane.

“Yen ngene iki kowe sing pinter apa wong-wong kuwi sing goblog?”

“Loro-lorone, Jo. Nanging jane nek ketemu wong-wong goblog ngono kuwi, ora butuh pinter-pinter banget. Cukup rada pinter sithik wae.”

“Seket yuta??”

Yess… ora kudu ngapa-ngapa. Mung teka, njaluk dhuite, nunggu pengumuman, rampung.”

“Kowe ki jan ora kenal sapa-sapa neng Pemda?”

“Oraaa….”

“Ora ngubungke karo sapa-sapa?”

“Oraaa… aku mung njagakake yen ana salah siji antarane wong-wong kuwi sing pancen lulus tes lan ketampa. Mesthi ana to, wong sing ketampa pegawe merga pancen lulus ujiyanne?”

“Lha tujune ana siji sing ketampa. Nek pitu-pitune ora ketampa piye?”

“Yo ora piye-piye! Aku ora metu modhal babar blas kok. Paling-paling bensin kanggo sowan mrana-mrene. Anggep wae dolan nambah sedulur.”

“Karo nambah musuh…”

“Sing ora trima merga anake ora ketampa…”

Wong sakloron ngakak luwih banter karo ngangkat gelas bir sing isine kari separo.

Advertisements

13 thoughts on “Calo

  1. Ayo sering-sering nulis pake basa jawa mbak.. apalagi yang menonjolkan unggah-ungguh basa gini. Komplit ngoko kramanya

    • nulis yang bahasa indonesia aja kudu nyiapin tenaga dan waktu khusus… haha.. diusahakan sih walau beberapa bulan sekali. ada beberapa yang kuupload di sini juga kok..

jangan sungkan kalau mau komen :)

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s