Calo

*Dimuat di Jagad Jawa SOLOPOS, Kamis, 26 Oktober 2017

Rudy nglebokake amplop saka Pak Rohmat ing jero tase.

“Mugi lancar nggih Pak. Supados keng putra enggal saged makarya kanthi ayem. Panjenengan ugi lega…”

“Ya Mas. Dadi wong tuwa pancen ora bisa cul-culan, nadyan bocah wis rampung anggone sekolah. Dhuwit sak mono kanggo aku akeh banget. Anggonku nglumpukake saka kana kene. Ning yen kanggo bocah, aku ora bakal etungan.”

“Kasinggihan Pak. Panjenengan tuladha tumrap kula, anggenipun ndhukung lare mboten ngangge wates.”

“Yakin isa ketampa ta Mas?”

“Tepangan kula punika tiyang penting wonten Pemda Pak. Sak mangertos kula pikantuk jatah nanging kula inggih mboten mangertos, pinten kursi. Lha punika kula cepet-cepetan ndhaptaraken Mbak Mia. Mugi-mugi tasih katut…”

“Yen ora katut?”

“Menawi dereng katut, kula konduraken sedaya beya ingkang sampun panjenengan paringaken kula.”

“Yen ketampa aku kudu nggenepi?”

Rudy mung manthuk sambi mesem. Pak Rohmat ngunjal ambegan.

***

Loro. Kalah cacak menang cacak. Continue reading

Advertisements

GENDAM

*dimuat di Jagad Jawa Solopos tanggal 9 Juni 2016*

gendam

 

Raine Prapto katon pucet. Mripate kosong. Durung kena dijak omong.

“Prap! Piye Prap?”

Nanging Prapto bola-bali mung odhah adhuh karo njenggungi sirahe dhewe.

“Ilang. Amblas. Modyar akuh! Kurang ajar!”

“Apa sing ilang? Apa sing amblas? Sapa sing kurang ajar?”

Prapto mung gedheg, “Embuh, aku ora ngerti… aku ora ngerti…”

Kira-kira jam sewelasan mau Prapto pamit arep menyang bank, jare mung arep ngeprint buku rekeninge. Mergane gaji saben sasi dikirim langsung menyang celengane, banjur dijupuk menawa sakwayah-wayah butuh nganggo kertu ATM. Jane ya bisa ngerti sisane dhuit neng bank isih pira. Nanging dinggo patut-patut jarene, ben bukune ora kosong. Tur bisa ethok-ethok ngecek, mlebu metune dhuit kepiye.

Bali-bali bocahe kaya wong linglung, kanca-kancane sing weruh dadi bingung. Bareng sawetara, Prapto wis rada tenang. Wis diwenehi ngombe, dijak maca alfatehah barang.

“Kurang ajar tenan, dhuitku ilang amblas.”

***

Ora kaya biyasane, aku mau rada dheg-dhegan nalika ngantri madhep mbak-mbak Customer Service.Dudu merga mbak-mbake anyar lan katon kinyis-kinyis, ning mbuh merga apa aku dhewe ya ora ngerti.

Rong puluh yuta. Persis angka sing metu ing struk ATM wingi sore. Pancen kudune ngono. Maune aku ngarep-arep, sapa ngerti ATM-e kleru, banjur angka sing metu ing buku sing dicetak langsung bisa dadi patang puluh utawa seket. Hayo jelas kuwi ora mungkin, mula aku ya mung ngguyu yen kelingan pengarep-arepku kuwi.

“Wonten malih ingkang saged kula biyantu, Pak?” pitakone mbak CS sing ngladeni.

“Mboten Mbak, sampun, maturnuwun.”

Rampung ngeprint aku langsung metu saka bank. Mlaku bali menyang kantor. Aku pancen ora nggawa sepeda montor, wong bank-e ora adoh saka kantor. Mung butuh limang menit yen mlaku alon-alon.

Metu saka pager bank, dumadakan aku dicedhaki wong lanang sing pawakane gedhe dhuwur, praupane bagus resik. Wong kuwi ngeplak pundhakku sajak kanca lawas, “Mas, piye kabare?”

Aku durung sempat kelingan sapa wong kuwi, ujug-ujug bareng kelingan, aku wis linggih ing buk cagak gendera pinggir dalan. Thenger-thenger nyekeli kertu ATM. Piye aku ora bingung? Ngapa kok aku nyekel kertu ATM ndomblong ing pinggir dalan?

Kanthi dheg-dhegan aku enggal mlayu bali menyang bank, marani mesin ATM sing ngadeg ing ngarep lawang. Rada nggregeli aku nglebokake kertu lan mijet angka sandi.

Modyar tenan.

Dhuitku kari telung ewu limangatus rupiah.

***

“Kok isa? Kowe mlaku sambi ngalamun apa piye?” Slamet takon sajak ora ngandel.

“Lha ya mbuh to Met. Rumangsaku ya aku ora ngalamun. Malah atiku bungah, celenganku rada lumayan. Aku bisa nukokkake ali-ali mas kanggo bojoku sing arep ulang tahun minggu ngarep.”

“Ha kuwi kan yo isa uga dadi ngalamun. Kowe mbayangke bojomu ngguya-ngguyu nampa pawenehmu. Banjur kowe diambungi. Kowe mlaku karo ngguya-ngguyu dhewe mbayangke bojomu.”

“Dhapurmu ah Met! Bojoku ki ora usah diwenehi ali-ali mas wis saben dina ngambungi aku. Lha pa bojomu sing saben dina mung prengat-prengut mecuca mecucu?”

“Wahahaha…. rumangsamu!”

***

Prapto durung ndhodhog lawang, nanging Murni  wis mbukakke lawang amarga krungu swara sepeda montore mlebu pager. Raine katon sumringah, kaya biyasane yen Prapto mulih. Ngambung pipine Prapto, banjur tase Prapto dijaluk, diselehake ndhuwur meja cilik cedhak tipi.

Prapto lungguh kanthi lemes.

“Ngapa he Mas? Kok katon lemes? Gaweyane akeh banget?”

Prapto gedheg.

“Didukani Pak Kepala?”

Prapto gedheg maneh.

“Lha ana apa?” Murni lungguh ing sandhinge, nyekeli tangane bojone sing sajak ora kuwat lungguh jejeg.

“Sepurane ya Mur. Iki mau aku kena alangan…”

Murni meneng. Nyawang Prapto. Ngenteni terusane.

“Aku mau menyang bank niliki celengan. Rada lumayan, ana rongpuluh yuta. Rencanane sesuk aku arep ngajak kowe menyang toko mas golek ali-ali cilik-cilikan. Nanging…”

Prapto mbaleni sepisan meneh apa kang wis dicritakake menyang Slamet. Banjur ndhingkluk, ora wani nyawang raine Murni. Ora kuwat yen kudu weruh katresnane kuciwa.

“Oalah Mas…”

“Aku njaluk ngapura tenan, Mur. Aku ora ngira bisa kena kedaden kaya ngene. Kowe kelingan ta, aku nate kandha, crita-crita wong kena gendam kuwi mung ngarang.”

“Mas… kok sampeyan isa mikir kaya ngono. Wong kena alangan kok diarani ngarang…”

“Hayo kuwi Mur. Mbok menawa aku kena omonganku dhewe. Saiki malah aku sing ngrasakke…”

Murni ngelus-elus gegere Prapto. Ora kandha apa-apa.

“Aku njaluk ngapura tenan…”

“Iya-iya  Mas, ora usah bola-bali ngomong ngono. Piye meneh wong wis kedaden. Dudu salah sampeyan…”

“Jare Slamet kuwi salahku. Aku ngalamun merga seneng rumangsa nduwe dhuwit akeh, trus mbayangke nyeneng-nyenengke awakmu….”

Murni ngrangkul bojone kanthi tresna, “Maturnuwun wis sampeyan pikirke semono Mas. Ning yen dhuite saiki ilang, ya ora kena ditangisi. Suk maneh wae kudu luwih ngati-ati.”

“Kowe ora nesu Mur?”

“Ora….”

“Aku saiki ora duwe celengan babar blas. Mung telung ewu mangatus….”

“Lha kuwi duwe celengan telung ewu mangatus!” Murni ngguyu bungah sajak krungu celengane Prapto telung puluh lima yuta.

Prapto mung bisa mesem nyawang bojone sing tansah nrima, nadyan dheweke lagi kere sak kere-kerene.

Oalah Met, iki lho, bojoku tak waduli dhuitku amblas isih tetep ngambungi….

***

“Nyoh! Wis ya. Lunas.”

“Hehe… ya ya ya. Maturnuwun Prap. Seneng yen urusan bisnis lancar kaya ngene iki.”

“Lancar gundhulmu! Aku bangkrut!”

“Lha kuwi jenenge resiko! Wong bisnis ki bisa bathi bisa cotho!”

“Kowe bathi aku sing cotho!”

“Iki kan lagi sepisan… jane wingi kowe sempat bathi sepuluh yuta ta?”

“Sedhela, sakdurunge mbok glembuk supaya bathine pindhah menyang tanganmu.”

“Ora kena nyalahke kancane…, sing mutuske arep mandheg utawa terus ki kowe dhewe. Ya jajal kapan-kapan dibaleni meneh, sapa ngerti awake dhewe padha bathine,” Ranto kandha sinambi drijine ngetung dhuit sing ditibakke Prapto.

“Ora sudi! Wis cukup aku urusan karo kowe. Aja nganti mbaleni.”

Prapto mungkur tanpa pamit. Rasa salah kang ngantebi pundhake wis ora tanggung-tanggung. Dheweke kudu ngapusi Slamet, ngapusi Marni. Ethok-ethok kena gendam, kanggo nyaur utang kalah main karo Ranto bandar dhadhu bajingan.

 

Semarang, Mei 2016

Banyu

Cerita cekak iki dipasang ing Jagad Jawa, Solopos, 29 Oktober 2015

==============================================


Dina iki aku bali rada gasik timbang biyasane. Jam lima wis tekan ngomah. Bu Citro, tangga ngarep omah nganti nyemantakke, “Kadingaren sampun kondur, Jeng?”

Sajake Bu Citro uga lagi bali saka lelungan, nembe nutup pager. “Kula bibar saking dalemipun Pak Juri. Nyuwun tulung badhe ndhudhuk sumur. Sampun asat saestu. Kala wau kula tumbas toya galonan kangge asah-asah. Sedinten dereng adus.” Bu Citro ngguyu sedhih.

“Katuran mundhut toya saking keran kula lho, Eyang. “

“Ah, sampun. Mangke sumur panjenengan malah kasatan kados gadhahan kula…”

Aku ora kepenak arep neruske rembugan. Aku pamit mlebu. Continue reading